Sabar - Tikus Jahat Feat. Hamboll

cerito tresno saiki wes bedo

opo mergo ono sing liyo

kurang kepiye panggonku le sabar

wes tak usahake ben ora dadi bubar

sing tak wedeni saiki

sliramu mbagi ati

mblenjani janji-janji

ninggal eluh ning pipi

Reff :

yen aku duwe salah

yo tulung di kandani

ora malah lungo

opo meneh nglarani

ben aku iso dadi

sing tok karepke

tresnoku bakal tak jogo

yo mung kanggo koe

saiki kudu kepiye

panggonku le nyikapi

uwes jogo ati

ra tau di hargai

nek aku ndue salah

yo tulung di kandani

ojo malah lungo

yo tulung di ngerteni

mergo kabeh menungso

yo mesti ndue luput

tresnaku karo koe

kabeh uwes kebacut

percoyo karo aku

aku ra bakal selingkuh

sayangku tetep utuh

yo mung kanggo awakmu

sing tak wedeni saiki

sliramu mbagi ati

mblenjani janji-janji

ninggal eluh ning pipi

Reff :

yen aku duwe salah

yo tulung di kandani

ora malah lungo

opo meneh nglarani

ben aku iso dadi

sing tok karepke

tresnoku bakal tak jogo

yo mung kanggo koe

yo mung pangapuro

sing iso tak ucapke

nek aku pancen kleru

ojo njuk meneng wae

mending kabeh jelaske

rampungke masalahe

ora bakal tak culke

koe kanggo liyane

mugo ono dalan

dinggo nyambungke katresnan

wes ra usah khawatir

atimu gawe sek tenang

aku tetap berjuang

mugo tekan pelaminan

ra bakal aku nyerah

opo maneh ngasi pasrah

Reff :

yen aku duwe salah

yo tulung di kandani

ora malah lungo

opo meneh nglarani

ben aku iso dadi

sing tok karepke

tresnoku bakal tak jogo

yo mung kanggo koe

Outro :

kenopo kudu aku

sing nanggung kabeh loro

mergo tresno aku dadi cidro

yo uwes ora popo

Subscribe to receive free email updates: