Didi Kempot - Kuncung

Cilikanku rambutku, dicukur kuncung

Katokku, soko karung gandum

Klambiku, warisane mbah kakung

Sarapanku sambel korek, sego jagung...

Kosokan watu ning kali nyemplung ning kedhung (byur)

Jaman ndisik durung usum sabun (Pabrike rung dibangun)

Andhukku mung cukup, andhuk sarung

Dolananku montor cilik soko lempung

Rekasane saiki wis

(Pis holopis kuntul baris)

Gegere gek mbok ndang uwis

Tanggal limolas padhang njingglang mbulane bunder (ser)

Aku dikudang sok yen gedhe dadi dokter (sing ngudang mbok e)

Tanggal limolas padhang njingglang mbulane bunder (ser ser)

Bareng wis gedhe aku disuntik bu dokter

Honocoroko dotosowolo

Iki cerito jaman semono

Podojoyonyo mogobotongo

Iki cerito soko wong tuo

Artis : Didi Kempot

Title : Kuncung

Cipt : Didi Kempot

Label : SKI Records

Subscribe to receive free email updates: