Gafarock - Jaman Isih Cilik

jaman aku isih cilik

aku isih sregep budhal ngaji

saben ono adzan

tinggalno dolanan

langsung prit budhal sembahyang

saiki aku wes gedhe

rasane malah ilang dalane

ono adzan headsetan

masjid namung lewatan

banyu wudhu wes ra tau kecipratan

sebenere aku isin

yen nyawang wong podo sholat

batin karep rogo ra kuat

awak koyo dibreki jagad

Reff :

duh Gusti kulo nyuwun pangapuro

dereng saged madep lan ngaulo

saestu awak iki olo

mbalelo marang ingkang Kuoso

duh Gusti nyuwun tulungi kulo

resikaken iman kang kependem

kathahe duso

najan abot tapi pingin tobat

jare wedi neroko tapi ra gelem sholat

Int.

lagi ngumpul konco konco

wayah sholat podo ra rumongso

sebenere ngerti

wajib sholat ra lali

nanging wedi diomong sok suci

kadang ono konco nggenah

ngelengno wayahe neng mushola

epok-epok ra krungu

malah macak turu

tenanan ati iki uwis koyo watu

sebenere aku ngerti

sikso neroko bakal dadi

nanging kenopo atiku buto

teyengen ireng kakehen duso

Reff :

duh Gusti kulo nyuwun pangapuro

dereng saged madep lan ngaulo

saestu awak iki olo

mbalelo marang ingkang Kuoso

duh Gusti nyuwun tulungi kulo

resikaken iman kang kependem

kathahe duso

najan abot tapi pingin tobat

jare wedi neroko tapi ra gelem sholat

Musik :

ra gelem tobat

ra wedi akhirat

Reff :

duh Gusti kulo nyuwun pangapuro

dereng saged madep lan ngaulo

saestu awak iki olo

mbalelo marang ingkang Kuoso

duh Gusti nyuwun tulungi kulo

resikaken iman kang kependem

kathahe duso

najan abot tapi pingin tobat

jare wedi neroko tapi ra gelem sholat

Outro :

pancen maksiat..

ra gelem tobat..

Subscribe to receive free email updates: