NDX AKA - Pasukan Anti Prei

pasukan anti prei

budal nggolek rejeki

kerjo wani rekoso

ben uripku sesok mulyo

ra peduli omongan

tanggunganku bulanan

anak bojo ro wongtuo

kabeh kuwi semangatku kerjo

kahanan uripku bedo karo impianku

durung biso nyenengke kabeh keluargaku

sing kepengen nglakoni urip kepenak

ayem tentrem bareng wongtuo bojo ro anak

pacobaning urip kudu ikhlas tak lakoni

senajan roso meri kuwi ono ning ati

rejeki akeh sitik tetep tak syukuri

sing penting diparingi sehat

lan nyembadani

duh Gusti pangeran

tulung paringi dalan

dinggo nyukupi kabeh kebutuhan

pengen tak buktekke

nek aku ra sepele

senajan kahanane koyo ngene

(Chorus)

pasukan anti prei

budal nggolek rejeki

kerjo wani rekoso

ben uripku sesok mulyo

ra peduli omongan

tanggunganku bulanan

anak bojo ro wongtuo

kabeh kuwi semangatku kerjo

pancen uwis garise uripe dewe dewe

sugih kere ning ngarepe Gusti

raono bedane

akehi sodaqoh'e senajan lagi ra nduwe

teko pasrah karo Gusti

luwih gede balesane

di akehi dongane di akehi syukure

jarene wongtuo mbiyen

urip gur nggo mampir ngombe

kulo nderek kersane

ajeng pripun saene

mugi mugi Gusti ngijabahi kabeh dongane

duh Gusti pangeran

tulung paringi dalan

dinggo nyukupi kabeh kebutuhan

pengen tak buktekke

nek aku ra sepele

senajan kahanane koyo ngene

(Chorus)

pasukan anti prei

budal nggolek rejeki

kerjo wani rekoso

ben uripku sesok mulyo

ra peduli omongan

tanggunganku bulanan

anak bojo ro wongtuo

kabeh kuwi semangatku kerjo

pasukan anti prei

budal nggolek rejeki

kerjo wani rekoso

ben uripku sesok mulyo

ra peduli omongan

tanggunganku bulanan

anak bojo ro wongtuo

kabeh kuwi semangatku kerjo

Subscribe to receive free email updates: