Ipa Hadi Sasono - Rembulan Ing Wengi

rembulan ing wengi

tansah anyekseni

endah paras manis

esem lan guyumu

ginambar ing bathin

tan biso nglalekke

yekti..nimas

ora ono liyane..

tatapan netramu

nembus ing atiku

agawe aku mung

mikirne sliramu

cahyaning rembulan

kalah klawan esemmu

amung.. nimas...

howoning njero bathin

pengen tansah sesanding

yo mung karo nimas

atiku mung kanggo nimas..

nadyan akeh pepalang

ngalangi dalan katresnan

iku pancen dalan supoyo

tresno iki.. bakal kasembadan..

Subscribe to receive free email updates: